AKTUALIA

Piweling Natal Bareng Taun 2018

Piweling Natal Bareng Taun 2018
Persekutuan Geréja-Geréja ing Indonésia (PGI)
lan
Konferènsi Wali Geréja Indonésia (KWI)

Para Sadulur kinasih,

Saben-saben ngriyayakaké Natal, kita bungah marga miyosé Sri Yésus. Kadadéan iki nyata mratélakaké iba gedhéné katresnané Allah marang kita, “nganti Panjenengané wis maringaké Putrané ontang-anting, supaya sing pracaya marang Panjenengané ora sirna, nanging nampa urip langgeng” (Yoh. 3: 16). Rawuhé Sri Yésus tinampa becik dening para pangon, wong-wong cilik sing ngimpi-impi Juru Wilujeng; uga déning wong-wong Majus, yaiku kalangané wong wicaksana lan kinurmatan sing golèk bebener lan karahayon. Janjiné Allah mungguhing karahayon kababar nyata ing pribadiné Sri Yésus, sing sanadyan Panjenengané iku Putraning Allah, nanging wis “ngasoraké dhiri lan mbangun miturut nganti séda, képara nganti séda ing kayu salib” (Flp. 2: 8). Ngambah dalan andhap asor lan kekurban dhiri, Sri Yésus nindakaké rancanganing Allah sing sedya nylametaké manungsa. Ya mangkono iku kawicaksananing Allah sing béda karo kawicaksananing donya. Iki sababé déné Paulus nyebat Sri Yésus iku minangka kawicaksananing Allah kanggo kita (1 Kor. 1: 24–30).

Sri Yésus anggene rawuh ing donya wis luwih saka rong èwu taun. Nanging pakaryan karahayon sing ditawakaké marang umat manungsa, isih kudu terus diwujudaké. Pancèn akèh wong wis tumanggap marang ulemané Allah iki ing urip padinané, kaya ta njunjung dhuwur hak asasining manungsa (HAM). Sanadyan mangkono, kita isih methuki wong sing ora preduli marang osiking ati lan ati nurani, sarta ora isin marang pepadhané lan ora wedi marang Allah, nganti nindakake sing nglanggar hak asasining manungsa. Yen manungsa dipatrapi ora adil déning pepadhané, yèn HAM-é dipenyak-penyak, suka gambira lan kabungahan ora ana manèh.

Para Sadulur kinasih,

Hak asasining manungsa iku hak dhasar sing nyaraga, peparingé Allah marang saben manungsa. Mbabar HAM kanthi apik lan bener, njalari manungsa urip ing kamanungsané.

Ing Prajanjian Lawas, Allah nimbali para nabi, salah sijiné kanggo mbabar kaadilan sing uga ana gandhèngé karo HAM. Nabi Amos ngémutaké, wong-wong sing menyak-menyak hak asasining wong-wong sing ringkih lan miskin, sengara uripé bisa raharja (ktd. Am.. 5: 11–12). Amos nuli ajak-ajak marang umaté, “Golèkana sing apik lan aja sing ala, supaya kowé urip; kanthi mangkono Pangéran, Allahing alam sawegung, bakal nganthi kowé ….” (Am. 5: 14).

Kita pantes munjuk sukur konjuk ing Allah, awit bangsa Indonésia njunjung dhuwur HAM. Kita pantes ngaturaké panuwun marang pamaréntah sing wis ngudi kanthi tumemen nangani prakara HAM. Sanadyan mangkono, ing sawetara papan, prakara HAM isih ana. Palanggaran HAM abot sing kelakon ing wektu kepungkur, durung olèh karampungan kanthi tuntas. Hak “urip pantes” ing bab ékonomi, sosial, lan budaya sing gandheng karo kaamanan lan urip kepenak, ing sawetara dhaérah isih ana gangguané. Kabébasan omong lan guneman dikekisruh karo raméné ujaran sesengit lan kabar goroh, sing sok kinanthèn ing laku daksiya jiwa lan raga. Pangincim, ngrerusak, lan nutup omah pangibadah isih kelakon. Idin mbangun omah pangibadah isih sendhet. Hak ékologis kanggo ngrasakaké lingkungan séhat ora sapenuhé dirasakaké, luwih-luwih ing kalangané masarakat sing prasaja, awit banyu, lemah, lan hawa, sangsaya suker. Iku kabèh klebu palanggaran HAM lan klebu pratingkahe manungsa sing uripe manut kawicaksananing donya.

Syukur konjuk ing Allah, awit karana Sri Yésus Kristus, kita ditimbali urip manut kawicaksanan ilahi. Ya Sri Yésus Kristus kang minangka kawicaksananing Allah kanggo kita. Ya sang Kristus iku kang mulang kita ing bab pangaji-pangajiné Kratoning Allah, lan ngajak kita urip tresna-tinresnan lan rila kekurban amrih babaré karaharjan bareng. Sri Yésus nedahaké kawicaksanané lumantar pawartaning Injil lan tumindake kang penuh ing welas asih, kanggo nucèkaké lan nebus kita. Paulus nembungaké bab iku kanthi becik, “Nanging déning Panjenengané, kowé ana ing sang Kristus Yésus, kang marga Allah, wis jumeneng kawicaksanan kanggo kita. Panjenengané menggalih bener lan nucèkaké lan nebus kita” (1 Kor. 1: 30).

Kita diajak eling marang timbalan kita minangka pribadi kang kadunungan kawicaksanan, kang dipilih supaya leladi lan dudu supaya diladèni. Polah-tingkahing pamimpin kang korup iku nyata wis ngrusak kasadharan moraling masarakat, kaya-kaya dalan nrabas sing ora pantes iku, dadi cara cepet kanggo nggayuh kasuksèsané. Tindak korup iku kerep gandhèng karo palanggaran HAM. Mula, kita butuh pamimpin lan wakil rakyat kang penuh ing kawicaksanan. Iki salaras karo sila ka-4 Pancasila, “Kerakyatan yang dipimpin oleh hikmat kebijaksanaan dalam permusyawaratan perwakilan”.

Para Sadulur kinasih,

Natal ngelingaké kita bab kawicaksananing Allah kang maujud ing pribadiné Sri Yésus. Natal dudu mung mepéling miyosé Sri Yesus minang jabang bayi ing pamakanan, nanging uga sugengé Sri Yésus kang penuh ing kawicaksanan lan kinesokan ing Hyang Roh Suci. Panjenengané rawuh nganthi Taun Rahmating Gusti (ktd. Luk. 4: 18–19). Tetembungané ora mênêt-mênêt, nanging gawé lejar. Pituturé ora gawé liyer-liyer, nanging élik-élik lan paring dalan. Élik-éliké dudu cecamah, nanging dalaning karahayon. Nalika disuwuni priksa déning murid-muridé Yohanes apa Panjenengané iku Mésias, Sri Yésus paring wangsulan, “Budhala, lan kandhakna marang Yohanes apa sing kosawang lan korungu: Wong wuta weruh, wong lempoh mlaku, wong kusta dadi resik, wong budheg ngrungu, wong mati diuripaké lan marang wong miskin diwartani kabar becik” (Luk. 7: 22).

Ayo kita ngriyayakaké Natal iki ora mung nganggo kidungan lan pepudyan baé, nanging uga nganggo pangudi sing nyata supaya kita urip ing kawicaksananing Allah. Kita diajak ngrungkebi hak-hak asasining manungsa minangka wujuding kuwajiban dhasar kanggoné manungsa. Riyaya miyosé Sri Yésus, Risang Juru Wilujeng, dadi wektu lan kalonggaran kanggo mangertèni jatining HAM kanthi apik lan bener, éling ing bab luhuring martabaté manungsa, lan wigatiné gerakan ngurmati hak asasining manungsa.

Muga Natal iki tumrap kita nyata dadi wektu kanggo bungah-bungah lan suka gambira. Sri Yésus, Risang Imanuèl lan Kawicaksananing Allah tumrap kita, nyata miyos ing tengah-tengah kita, lan mimpin kita supaya kita urip ing kawicaksananing Allah.

Sugeng Natal 2018 lan Warsa Énggal 2019

Jakarta, 14 November 2018

atas namaning

Persekutuan Gereja-Gereja ing Indonesia (PGI)   Konferensi Wali Gereja Indonesia (KWI)

Pdt. Gomar Gultom          Mgr. Antonius Bunjamin, OSC

Sekretaris Umum                  Sekretaris Jenderal

Kategori:AKTUALIA, Gereja Indonesia

Tagged as: , , , ,

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

Connecting to %s

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.