Zaman perang ngrebut kemerdekaan gemiyen, bapakku dadi serdadu, sing nasibe di osol-osol lan diadu-adu.
Klambine serdadu mung rong stel, kuwe klambi mbuh olih sekang endi.
Klambi seragam tembelane nang endi bae.
Nek dikumbah seminggu sepisan, gole ngumbah ora nganggo sabun.
Mangane seketemune, sing sering mangan budin, kadang jagung, syukur-syukur bisa mangan sega, lawueh seanane, ben nek ana.
Bedile mouser siji, dienggo wong telu gantian.
Liyane nganggo bendo gobed, samurai jepang, malah ana sing nganggo bambu runcing.
Sing penting bisa nggo mateni penjajah landa.
Nanging kabeh mau ora ndadekna cilik ati.
Tetep semangat ngadepi musuh bumi pertiwi Indonesia.
Tetesing getih, ilange nyawa, Indonesia bisa merdeka wis kebukti.
Merdeka… 3x
Welinge bapake inyong,
Supaya inyong karo rika kabeh,
Kudu bareng-bareng ngisi kamardikan.
Mayuh bareng-bareng ngisi kamardikan,
Kudu waskita jatmika budi,
Saeyeg saeka praya, wasis sambarange
Aja pada sikut-sikutan, jotos-jotosan, antarane sedulur karo kancane dewek.
Seneng ngomong karo ngrasani wong liya, kaya rika rumangsa paling apik dewek.
Kudu duwe tekad, Majukna Banyumas “Bumi Satriya”
Selaras karo pakaryane
Sing dadi tentara pulisi…
Sing dadi pegawe negri/swasta…
Sing dadi guru…
Sing dadi ibu rumah tangga…
Sing dadi murid sekolah…
Sing dadi prodiakon…
Sing dadi Romo…
Mayuh makarya bareng kanti rukun, damai, lantip ngayahi kewajibane, inyong karo rika kabeh.
Kuwe kabeh wujud semangat “Bela Negara”
Ya wis semene disit crita karo welinge bapake inyong.
Merdeka.. 3x
Keterangan: puisi ini diikutsertakan dalam lomba Bulan Kebangsaan Sanyos 2018. Sumber gambar: hapsarie.wordpress.com
Karya:

Hironimus Soedjarwo – Lingk St. Andreas
Kategori:KPKC